Contoh Tembang Macapat Pucung -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

12 Maret, 2015

Contoh Tembang Macapat Pucung

Loading...

Kagem rencang sedaya ingkang pados contoh tembang macapat pucung saget ningali wonten ngandap menika. Pucung ngrupekaken salah satunggaling tembang macapat kang diginakakken kagem ngeling-ngeling pepaten amargi celak kaliyan tembung “pocong” njih punika kawontenan tiyang seda ingkang badhe dikubur. Sinaosa mekaten tembung pucung ugi anggadahi artos woh-wohan ingakang nggambarake rasa seger. Tembung “cung” ugi saget ngelingake dening “kuncung” nggih menika model rambut ingkang lucu lan biasane dados potongane bocah cilik. Mila menika tembang pucung kajaba kagem ngelingake pepaten ugi wonteng ingkang anggambarake babagkan kang lucu.

Contoh tentang pendidikan

Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pengekesing dur angkara

Contoh tentang budi pekerti

(1)
Dipun sami marsudi ing budinipun
 weweka den awas
aja dumeh bisa angling
den apantes masa kalane micara
(2)
Nadyan namung sakecap yen nora patut
prenah ing wicara
sadurunge den kaesthi
awasane semune rewang alenggah
(3)
Iku dadi cilakane ing uripmu
poma-poma padha
den gemi wedaling lati
masa mangke supata ginawa dinan

Saking contoh tembang macapat pucung wonten nginggil wau saget kita pirsani menawi tembang menika anggadahi guru gatra cacah papat (4), guru wilangan 12, 6, 8, 12, ugi guru lagi kanti akhiran U, A, I, A. Mekaten sekedik tembang pucung ingkang saget kita aturaken, dumateng panjenengan sami ingkang badhe nembang pucung saget mirsani contoh wonten ngandap.